Selasa, 27 Juni 2023

ESTHINE PANJANGKA



Aku kudu bekti marang rama lan ibuku. Rama ibu iku lantarane urip ing ngalam donya iki. Panjenengane lila ngorbanake apa wae kanggo para putra-putrane. Rama ibu nyambut gawe mempeng kanggo nyukupi kabutuhan kulawarga lan uga kanggo ngragati sekolahku. Mula aku kudu tanggung jawab marang apa sing dadi kuwajibanku. Aku ora pengin wong tuwaku kuciwa amarga aku gagal ngemban jejibahan sekolah kanggo sangu uripku ing tembe buri. Samangsa aku sukses mbesuk aku bakal mulyaake wong tuwaku. Saranane saiki aku kudu sregep sekolah lan tekun sinau. Mugi Gusti mujudake apa sing dadi cita-citaku.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

490 DAFTAR MAKANAN YANG MUNGKIN ORANG INDONESIA TAHU

 Nama makanan sesuai abjad 1 Abalon 2 Abon 3 Acar 4 Agar-Agar 5 Alpukat 6 Amplang 7 Angsle 8 Apel 9 Apem 10 Arem-Arem 11...